80s toys - Atari. I still have
08/11/25
/
22:12
Paribasan
Adigang adigung adiguna :
Ngandelaké kakuatané,kaluhurané lan kapinterané
Anak polah bapa kepradhah :
Wong tuwo nemoni ribed amargo polahé anak
Ancik-ancik pucuking eri :
Wong kang tansah sumelang yén kaluputan
Adhang-adhang tétésing embun :
Njagakaké barang mung saoléhé baé
Bathok bolu isi madu :
Wong asor nanging sugih kapinteran
Bébék mungsuh meliwis :
Wong pinter mungsuh wong pinter
Becik ketitik ala ketara :
Becik lan ala bakalan ketara ing mburiné
Bubuk oleh leng :
Duwé niat ala oléh dalan
Cébol nggayuh lintang :
Duwé kekarepan sing mokal bakal kelakon
Cecak nguntal empyak :
Gegayuhan sing ora timbang karo kekuwatané
Cedhak céléng boloten :
Cedhak karo wong ala njalari katut ala
Désa mawa cara,negara mawa tata :
Saben panggonan duwéni aturan utawa adat dhéwé-dhéwé
Dhemit ora ndulit sétan ora doyan :
Tansah diparingi slamet ora ana sing ngrusuhi
Emban cindhé emban siladan :
Pilih kasih ora adil
Enggon welut didoli udhet :
Panggoné wong pinter dipameri kepinteran sing ora sepirowa
Gupak puluté ora mangan nangkané :
Melu rekasa nanging ora melu ngrasakaké kepenaké
Jer basuki mawa béa :
Samubarang gegayuhan mbutuhaké wragat
Kacang ora ninggal lanjaran :
Anak niru wong tuwané
Kaya banyu karo lengo :
Wong kang ora bisa rukun
Kebo nusu gudel :
Wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
Kegedhen empyak kurang cagak :
Kegedhen kekarepan nanging kurang sembada
Kuthuk marani sunduk [ Ula marani gepuk ] :
Marani bebaya
Maju tatu mundur ajur :
Prakara kang sarwa pakéwuh
Nabok nyilih tangan
Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
Pupur sadurungé benjut :
Ngati ati mumpung durung cilaka
Sapa sing salah bakal séléh :
Sapa sing salah bakal konangan [ nampa paukuman ]
Tumbak cucukan :
Wong kang seneng adu-adu
Tulung menthung :
Ditulung malah ngrusuhi
Wiwit kuncung nganti gelung :
Wiwit cilik nganti tuwa
Yuyu rumpung mbarong rongé :
Omahe magrong-magrong nanging sejatiné mlarat
Pilih Menu
Téras
Blog
Silah-Silahing Ukara
Silah-Silahing Tembung
Tembung Camboran
Tembung Éntar
Tembung Garba
Tembung Kératabasa
Tembung Kosok Balén
Tembung Ngoko,Krama,Krama Inggil
Tembung Mbangetaké
Tembung Plutan
Tembung Rurabasa
Tembung Sanalika
Tembung Saroja
Urutané Sedulur
Prenahé Sedulur
Paribasan
Parikan
Purwakanthi
Sanépan
Wangsalan
Tembang
Cangkriman
Wejangan
teko :
1
|
1227
: lungo
™
© 2013
Log in